SERAT
DARMOGANDHUL
Carita adêge nagara Islam ing Dêmak bêdhahe nagara Majapahit
kang
salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin
agama
Islam.
Kerajaan Majapahit yang sebenarnya. Awal mulanya Orang Jawa
Meninggalkan Agama Buddha dan Beralih pada Agama Islam)
Gancaran basa Jawa ngoko.
Babon asli tinggalane
K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
Cap-capan ingkang kaping sêkawan 1959
Toko Buku “Sadu-Budi” Sala.
BÊBUKA.
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangikêtira,
kiyai
Kalamwadine, ing nguni anggêguru, puruhita mring Raden
Budi,mangesthi
amiluta, duta rehing guru, sru sêtya nglampahi
dhawah,panggusthine
tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.
Satuduhe Raden Budi êning, pan ingêmbun pinusthi ing cipta,
sumungkêm
lair batine, tan etung lêbur luluh, pangesthine ing awal
akhir,
tinarimeng Bathara, sasêdyanya kabul, agung nugraheng Hyang
Suksma,
sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.
Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susêtya,
mring
dhawuh wêling gurune, kêdah mêdharkên kawruh, karya suka
pirêneng
jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai
Kalamwadi
ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung
têmbang
macapat.
Pan katêmben amaos kinteki, têmbang raras rum sêya prasaja,
trêwaca
wijang raose, mring tyas gung kumacêlu, yun darbeya miwah
nimpêni,
pinirit tinuladha, lêlêpiyanipun, sawusnya winaos tamat,
linaksanan
tinêdhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah.
Pan sinambi-sambi jagi panti, sasêlanira ngupaya têdha,
kinarya cagak
lênggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarêm-arêmi,
tarimanireng badan, anganggur ngêthêkur, ngêbun-bun
pasihaning Hyang,
suprandene tan kalirên wayah siwi, sagotra minulyarja.
Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang
karseng Hyang,
ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri
Tumpak
manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nêm
ringkêlnya
Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi
Nata
(taun Jawa 1830).
[Bagian Pembukaan tidak diterjemahkan karena penterjemah
tidak paham
bahasa Jawa klasik]
DARMAGANDHUL.
Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi
mangkene “Mau-
maune kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama
Buddha
salin agama Islam?”
(Pada suatu hari bertanyalah Darmagandhul pada Kalamwadi
sebagai
berikut, “Asal mulanya bagaimana, kok orang Jawa
meninggalkan Agama
Buddha dan berubah menganut Agama Islam?”)
Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe iya ora pati ngrêti,
nanging aku
wis tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna
dipracaya,
nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha
banjur salin
agama Rasul”.
(Jawabannya Ki Kalamwadi, “Saya sendiri juga tidak begitu mengerti,
tapi saya sudah pernah diberi tahu oleh guru saya, selain
itu guru
saya itu juga bisa dipercaya, [Beliau] menceritakan asal
mulanya
orang Jawa meninggalkan Agama Buddha dan berganti menganut
agama
Rasul (Islam).”)
Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye dongengane?”
(Darmagandhul bertanya, “Bagaimana kalau begitu ceritanya?”)
Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: “Bab iki satêmêne iya
prêlu
dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane
karêben ngrêti”.
(Ki Kalamwadi lalu berkata lagi, “Hal ini sesungguhnya juga
perlu
diungkapkan agar orang yang tidak tahu asal mulanya menjadi
tahu.”)
Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara
Majalêngka, dene
ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging
kang
durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku wis jênêng
sakawit. (1)
Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk
Prabu
Brawijaya.
(Pada zaman kuno, Kerajaan Majapahit itu namanya Kerajaan
Majalengka,
sedangkan nama Majapathit itu, hanya sebagai perumpamaan,
tetapi bagi
yang belum tahu ceritanya, Majapahit itu telah merupakan
namanya
semenjak awal. (1) Di Kerajaan Majapahit yang berkuasa
sebagai Raja
adalah Prabu Brawijaya.)
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang
Prabu krama
oleh Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane
Islam,
sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang
Sang Nata,
bab luruhe agama Islam, sabên marak, ora ana maneh kang
diaturake,
kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking
panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.
(Pada saat itu, Sang Prabu sedang dimabuk asmara, ia menikah
dengan
Putri Cempa, (2) karena Putri Cempa itu beragama Islam, maka
saat
sedang berdua-duaan, Sang Putri [selalu] berbicara pada sang
Raja,
mengenai agama Islam. Tiap kali berkata-kata, tidak ada hal
lain yang
dibicarakan, selain mengagung-agungkan agama Islam, sehingga
menyebabkan tertariknya hati Sang Prabu akan agama Islam.)
Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran
Sayid Rakhmat
tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata,
kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul.
(Tidak berama lama datanglah pengikut Putri Cempa yang
bernama Sayid
Rakhmat ke Majalengka. Ia minta izin pada sang raja, untuk
menggelar
penyebaran agama Rasul (Islam).)
Sang Prabu iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid
rakhmat mau.
Sayid Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing
Surabaya
(3) anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para
ngulama saka
sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku
padha
marêk sang Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun
dhêdhukuh ing
pasisir.
(Sang Prabu juga mengabulkan apa yang diminta oleh Sayid
Rakhmat itu.
Sayid Rakhmat lalu mendirikan sebuah desa kecil (dukuh) di
Ngampeldenta, Surabaya. Ia mengajar agama Islam di sana.
Selanjutnya
makin banyak para ulama dari seberang yang datang. Para
ulama dan
para maulana itu beramai-ramai menghadap sang raja di
Majalengka,
serta sama-sama meminta desa kecil di daerah pesisir.)
Panyuwunan mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata.
Suwe-suwe
pangidhêp mangkono mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh
bangêt
kang padha agama Islam.
(Permintaan tersebut juga dikabulkan oleh Sang Raja.
Lama-lama
perkampungan kecil semacam itu makin menjamur, orang Jawa
makin
banyak yang beragama Islam.)
Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama
Islam
kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid
Kramat
iku maulana saka ing ‘Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu’llah,
mula
bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu
maguru
marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon
sapangetan
padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul.
Ing
Blambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge uga
padha kelu
rêmbuge Sayid Kramat.
(Sayid Kramat menjadi gurunya orang-orang yang sudah
menganut agama
Islam. Tempat menetapnya berada di Benang (juga disebut
Bonang -
penterjemah), Tuban. Sayid Kramat itu adalah pemuka agama
yang
berasal dari Arab, atau tempat kelahirannya Nabi Muhammad, sehingga
dapat menjadi gurunya para penganut agama Islam. Banyak
orang Jawa
yang berguru pada Sayid Kramat. Orang Jawa di pesisir utara,
baik
bagian barat maupun timur, sama-sama meninggalkan agama
Buddha dan
berpindah masuk Islam. Dari Blambangan ke arah barat hingga
Banten,
banyak orang yang telah mematuhi perkataan Sayid Kramat.)
Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip
nganti
sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa.
Budi iku
Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa
apa- apa,
bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.
(Pada saat itu agama Buddha telah dianut di tanah Jawa
selama seribu
tahun, para penganutnya menyembah pada Budi Hawa. Budi
adalah Zat
dari Hyang Widdhi, sedangkan Hawa itu adalah kehendak hati.
Manusia
itu tidak dapat berbuat apa-apa selain berusaha menjalankan,
tetapi
budi yang mengubah segalanya.)
Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka
Putri
Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr
Raden Patah.
(Raja Brawijaya memiliki putra dari seorang putri
berkebangsaan Cina.
Putranya itu lahir di Palembang, dan diberi nama Raden
Patah.)
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti
sadhereke
seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane
Majalêngka Sang
Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan
marang
putrane, awit yen miturut lêluri saka ingkang rama, Jawa
Buddha
agamane, yen nglêluri lêluhur kuna, putraning Nata kang
pambabare ana
ing gunung, sêsêbutane Bambang.
(Tatkala Raden Patah sudah dewasa, ia mengunjungi ayahnya.
Ia
memiliki saudara lain ibu yang bernama Raden Kusen.
Setibanya di
Majalengka Sang Prabu bingung hatinya untuk memberi nama
pada
puteranya. Sebab menurut tradisi leluhur Jawa yang beragama
Buddha,
putra raja yang lahir di gunung, disebut Bambang.)
Yen miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab
sêsêbutane
Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta
para nayaka,
padha dipundhuti têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan
ingkang
putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lêluhur kuna
putrane Sang
Prabu mau disêbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa
Cina, prayoga
disêbut Babah, têgêse pambabare ana nagara liya.
(Kalau menurut ibunya, namanya adalah Kaotiang, yaitu kalau
dalam
bahasa Arab disebut Sayid atau Sarib. Sang Prabu lalu
memanggip para
patih dan pegawai kerajaan. Mereka diminta pendapatnya di
dalam
memberikan nama bagi putranya itu. Patih berkata bahwa kalau
menurut
leluhur zaman dahulu, anak raja itu seharusnya diberi nama
Bambang,
tetapi karena ibunya berkembangsaan Cina, maka seharusnya
disebut
Babah, yang artinya lahirnya ada di negara lain.)
Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha
mupakat, mula
Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra
Nata kang
miyos ana ing Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma
Babah Patah.
Katêlah nganti tumêka saprene, yen blastêran Cina lan Jawa
sêsêbutane
Babah.
(Pendapat sang patih tersebut juga disepakati oleh para
pegawai
kerajaan. Oleh karenanya sang raja mengumumkan bahwa
putranya itu
yang lahir di Palembang, diberi nama Babah Patah. Hingga
sampai
sekarang, orang yang berdarah campuran Cina dan Jawa diberi
nama
Babah.)
Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe
ingkang
rama, mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung kanggo
samudana
bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi
sêsêbutan
Babah iku.
(Babah Patah, takut kalau tidak mematuhi sabda bapaknya,
karena itu
bersikap seolah-olah senang. Padahal ia tidak benar-benar
senang-
senang diberi nama Babah.)
Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing
Dêmak,
madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta
Babah Patah
dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe
kiyai Agêng
Ngampel.
(Kemudian Babah Patah diangkat menjadi bupati di Demak,
untuk
mengepalai para bupati di pesisir Demak ke arah barat. Babah
Patah
lalu diperintahkan untuk berguru di Ngampelgadhing, yang
kebetulan
dikepalai oleh Kyai Ageng Ngampel.)
Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang Dêmak, ana
ing desa
Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang
agamane
wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane,
dene
Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing
Têrung (5),
pinaringan nama sarta sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.
(Ketika waktunya telah tiba, ia pindah ke Demak, yakni ke
desa
Bintara. Sebetulnya Babah Patah telah beragama Islam saat di
Palembang. Oleh sebab itu, tatkala telah berada di Demak, ia
diperintahkan untuk melestarikan agamanya. Sedangkan Raden
Kusen
diangkat menjadi adipati di Terung, dan diberi gelar Raden
Arya
Pecattandha.)
Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha
nyuwun
pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse
budi,
uwite kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe
budi ngrêti
marang kaelingan bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu
lair
batin. Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung
padha
duwe karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah
sare.
(Makin lama agama Rasul makin menyebar luas, para ulama
menjadi ingin
memiliki gelar, dimana kemudian mereka digelari Sunan. Sunan
itu
artinya budi, pohon pengetahuan kesadaran pada yang baik dan
buruk.
Jika buah budi itu menyadari akan kebaikan, maka ia wajib
menuntut
ilmu lahir dan bathin. Pada saat itu para ulama masih
memiliki hati
yang baik, belum memiliki keinginan buruk, masih menahan
diri dari
makan dan tidur.)
Sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake
Buddha,
kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah mangan,
cêgah
turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung nuruti
rasaning
lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga
banjur
paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar.
(Sang Prabu Brawijaya jadi jatuh hati, para ulama itu
dikiranya
Buddha, tetapi kok disebut Sunan. Tingkah laku mereka masih
menahan
diri dari makan dan tidur. Apabila mengikuti rasul, maka
mereka
[seharusnya] bukan menahan diri dari makan dan tidur, melainkan
hanya
menuruti hawa nafsu keinginan. Tatkala kebiasaan menahan
diri dari
makan dan tidur telah rusak, tetapi Prabu Brawijaya telah
terlanjur
memberikan angin. Makin lama agama rasul makin menyebar.)
Ing wêktu iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana
netra
karna sarta lesan, wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen
diwarahi
budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggêp têmên
lan ora,
iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana wujuding
patilasane,
isih kêna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.
(Pada saat itu ada peristiwa-peristiwa yang aneh yang tidak
masuk
akal. Peristiwa-peristiwa tersebut diketahui dari ingatan
semata.
Apabila membaca atau mendengar, maka perlu dipertimbangkan
benar dan
tidaknya. Tetapi karena sampai sekarang masih ada
peninggalannya,
maka menurut pendapatku hal tersebut benar-benar terjadi.)
Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang
Kadhiri, kang
ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku
ing tanah
Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir.
Sunan Benang
sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali
banjur niti-
niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi.
(Pada saat itu Sunan Benang bersiap-siap untuk mengunjungi
Kediri,
yang mengantarnya hanya dua orang sahabat. Ketika tiba di
utara
Kediri, yaitu di tanah Kertasana, mereka terhalang oleh air.
Sungai
Brantas saat itu kebetulan sedang banjir. Sunan Benang dan
dua orang
sahabatnya sama-sama menyeberang, dan ketika telah tiba di seberang
ia mencari tahu apakah orang di sana telah beragama Islam,
ataukah
masih menganut agama Budi.)
Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha
mung
sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing
kono
akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa.
Bandung
dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha
bêbarêngan
mangan enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan Benang
ngandika: “Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gêdhah,
Gêdhah iku
ora irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah”.
(Menurut Ki Bandar, orang di sana agamanya Kalang, bukan
Buddha namun
mirip, sedangkan agama Rasul masih sedikit sekali
tersebarnya. Orang
di sana yang sebagian besar beragama Kalang memuliakan
Bandung
Bandawasa. Bandung dianggap nabi mereka. Pada saat hari
perayaan
keagamaan mereka bersama-sama makan enak dan
bersenang-senang di
rumah. Sunan Benang berkata, “Jika begitu maka orang di sini
sama-
sama beragama Gedhah, Gedhah itu tidak hitam ataupun putih.
Tempat
ini pantas disebut Kutha Gedhah.”)
Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika panjênêngan, kula
ingkang
nêkseni”. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha
Gêdhah,
nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang
mangkono
mau arang kang padha ngrêti mula-bukane.
(Ki Bandar menjawab, “Baik, yang mulia, saya yang menjadi
saksi.”
Tempat di bagian utara Kediri namanya mulai sekarang adalah
Kutha
Gedhah.” Hingga saat ini masih disebut dengan Kutha Gedhah,
tetapi
orang jarang mengetahui asal mula nama tersebut.)
Sunan Benang ngandika marang sakabate: “Kowe goleka banyu
imbon
mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk,
yen
diombe nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku
arêp wudhu,
arêp salat”.
(Sunan Benang berkata pada sahabatnya, “Carilah air minum di
desa,
sungai masih banjir dan airnya keruh. Jika diminum maka akan
menyebabkan sakit perut. Selain itu sudah waktunya salat
Lohor. Saya
mau wudhu untuk salat”)
Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu,
têkan
ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang,
kang ana
mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing
wêktu iku
lagi nênun. Sakabat têka sarta alon calathune: “mBok
Nganten, kula
nêdha toya imbon bêning rêsik”. mBok Prawan kaget krungu
swarane wong
lanang, barêng noleh wêruh lanang sajak kaya santri, MBok
Prawan
salah cipta, pangrasane wong lanang arêp njêjawat, mêjanani
marang
dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: “nDika
mêntas
liwat kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki
botên
entên carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon
bêning,
yen sampeyan ajêng ngombe”.
(Salah seorang sahabatnya lalu pergi ke desa mencari air
minum. Ia
sampai di desa Pathuk dan menjumpai rumah yang nampaknya
tidak ada
prianya. Yang ada hanya seorang gadis perawan menjelang
dewasa,
dimana saat itu ia sedang menenun. Sahabat Sunan Benang
mendekat
serta berkata perlahan, “Mbok Nganten (panggilan terhadap
wanita
dalam bahasa Jawa), saya minta air minum yang bening dan bersih.”
Gadis perawan itu terkejut mendengar suara pria, ketika
menoleh ia
melihat seorang pria yang nampaknya mirip santri. Gadis
perawan
tersebut salah sangka, ia mengira orang tersebut ingin
menggodanya,
maka dijawabnya dengan perkataan kotor, “Anda menyeberang
sungai
datang kemari untuk minta air minum. Di sini tidak ada air
minum,
selain air kencing saya yang bening, jika Anda ingin
meminumnya.”)
Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit
lakune
dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane
Sunan
Benang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan
Benang
mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu
pangandikane
nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu,
prawane aja
laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi
jaka
tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing sanalika kali
Brantas
iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang nrabas
desa alas
sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak, awit
katrajang
ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline
gêdhe
sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku
larang
banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone omah-omah.
Sunan
Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.
(Sang santri yang mendengar ucapan kotor itu pergi tanpa
pamit dan
jalannya dicepat-cepatkan. Ia menggerutu dalam hati dan
menceritakan
pengalamannya di hadapan Sunan Bonang. Ketika mendengar hal
itu Sunan
Bonang marah sekali, ia kemudian mengucapkan sumpah serapah
pada
warga desa tersebut. Tempat itu dikutuk agar susah
mendapatkan air,
para gadisnya akan terlambat menikah dan demikian pula kaum
perjakanya. Sesudah kutukan tersebut diucapkan aliran Sungai
Brantas
menjadi kecil. Aliran sungai yang pada mulanya besar itu
menyimpang
dan membanjiri desa, sawah, dan ladang. Banyak desa yang
rusak karena
diterjang aliran sungai yang berpindah alirannya. Sungai
yang pada
mulanya deras alirannya itu menjadi surut. Hingga saat ini
tempat
tersebut menjadi susah air serta gadis dan perjakannya
terlambat
menikah. Sunan Benang melanjutkan perjalanannya ke Kediri.)
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku
dhêmit ing
sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul
yen ana
wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para
lêlêmbut, ngêndêl-
êndêlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur
asat
sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu mêsthine, mula
akeh
desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak, iya iku
saka
panggawene
(Pada waktu itu ada seorang makhluk halus bernama Nyai
Plencing,
yakni makhluk halus yang berdiam di sumur Tanjungtani. Anak
cucunya
para berkeluh kesah padanya, mereka melaporkan tindakan
orang bernama
Sunan Benang yang kegemarannya menyiksa para makhluk halus
serta
memamerkan kesaktiannya. Sungai yang mengalir di Kediri
dijadikan
surut airnya serta berpindah alirannya ke arah lain yang
tidak
seharusnya. Sehingga banyak desa, hutan, sawah, dan ladang
yang
rusak. Semua itu akibat ulah Sunan Bonang.)
Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang wadon
ngantiya
kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu
sarta
diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne
salah
gawe. Anak putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai
Plêncing
gêlêma nêluh sarta ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing
pati,
dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai Plêncing krungu wadule
anak putune
mangkono mau, enggal mangkat mêthukake lakune Sunan Benang,
nanging
dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang, amarga
rasane awake
padha panas bangêt kaya diobong.
(Sunan Bonang juga mengutuk orang di sana, gadis dan perjaka
akan
terlambat kawin. Sunan Benang itu kegemarannya bertindak
salah. Anak
cucu Nyai Plencing bersama-sama memohon Nyai Plencing agar
bersedia
menyantet Sunan Benang sampai mati dan tidak menganggu
mereka lagi.
Nyai Plencing yang mendengar keluh kesan anak cucunya itu,
segera
pergi menjumpai Sunan Benang. Tetapi makhluk-makhluk halus
tersebut
tidak dapat mendekati Sunan Benang, karena tubuh mereka
serasa panas
terbakar.)
Dhêmit-dhêmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri,
satêkane ing
Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh.
ratune
manggon ing Selabale. (6) Jênênge Buta Locaya, dene Selabale
iku
dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri
Jayabaya,
maune jênênge kiyai Daha, duwe adhi jênênge kiyai Daka.
Kiyai daha
iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh,
jênênge kiyai
Daha dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta
Locaya,
sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.
(Makhluk-makhluk halus itu lalu lari ke Kediri. Ketika tiba
di sana
mereka melaporkan pada rajanya segala hal yang mereka alami.
Raja
makhluk halus itu berdiam di Selabale, namanya adalah Buta
Locaya.
Selabale itu letaknya ada di kaki gunung Wilis. Buta Locaya
itu
adalah patih Sri Jayabaya, dulu namanya adalah kyai Daha dan
memiliki
adik bernama Kyai Daka. Kyai Daha itu asal usulnya ada di
Kediri.
Pada saat Sri Jayabaya tiba di sana, nama Kyai Daha itu
dijadikan
nama negara dan ia kemudian diberi nama Buta Locaya dan
dijadikan
patih oleh Sang Prabu Jayabaya.)
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya
têgêse:
kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên
mantêp
sêtya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sêbutan
kiyai,
iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse: ngayahi
anak putune
sarta wong-wong ing kanan keringe.
(Buta itu artinya buteng atau bodoh, Lo itu artinya kamu,
caya
artinya bisa dipercaya. Sehingga Kyai Buta Locaya itu
artinya bodoh,
tetapi kawan yang setia dan patuh pada pimpinannya. Oleh
karena itu
ia dijadikan patih. Yang pertama kali bergelar kyai adalah
Kyai Daha
dan Kyai Daka. Kyai itu artinya mengayomi anak cucu dan
orang-orang
yang berada di kanan-kirinya.)
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing
kono Sang
Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt
marang
kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa,
dene
kiyai Daka banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung,
sarta dadi
senapatining pêrang.
(Sang raja lalu menuju ke rumah Kyai Daka. Di sana Sang
Prabu
Jayabaya beserta seluruh pengikut dan pengawalnya disambut
dengan
meriah, sehingga sang raja sangat mengasihi Kyai Daka. Nama
Kyai Daka
dijadikan nama desa dan selain itu ia diberi gelar Kyai Tunggulwulung
serta diangkat menjadi panglima perang.)
Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni
Mas Ratu
Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha
muksa; Ni
Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa Jawa, kuthane
ana
sagara kidul sarta jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe
lêlêmbut
kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa,
kabeh
padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.
Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai
Tunggulwulung ana
ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen lahar mêtu
supaya
ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.
(Ketika Sang Prabu Jayabaya dan putrinya yang bernama Ni Mas
Ratu
Pagedhongan telah moksha, maka Buta Locaya dan Kyai
Tunggulwulung
juga ikut moksha. Ni Mas Ratu Pagedhongan menjadi ratu
makhluk halus
seluruh Jawa. Pusat kerajannya ada di laut selatan dan
digelari Ni
Mas Ratu Anginangin. Seluruh makhluk halus yang ada di
lautan dan
daratan serta juga kanan kiri Tanah Jawa bersama-sama takluk
pada Ni
Mas Ratu Anginangin. Buta Locaya kediamannya ada di
Selabale,
sedangkan Kyai Tunggulwulung ada di Gunung Kelut. Ia
mengawasi dan
dan lahar agar supaya saat lahar keluar tidak merusak desa
dan lain
sebagainya.)
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi
kêncana
kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring
mêrak,
diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro
uga padha
ngadhêp, kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom aran
panji
Sarilaut.
(Waktu itu Kyai Buta Locaya sedang duduk di singgasananya
yang
dialasi kasur permadani. Datang mengahadap patihnya bernama
Megamendhung dan dua putra tertuanya juga hadir. Yang lebih
tua
bernama Panji Sektiguna dan adiknya bernama Sarilaut.)
Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget
kasaru
têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake
tanah lor
Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka
Tuban
kang sumêdya lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan Benang.
Nyai
Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para manusa.
(Buta Locaya sangat terkejut dengan laporan Nyai Plencing
mengenai
tingkah polah Sunan Benang yang merusak tanah di utara
Kediri. Ia
mengatakan bahwa Sunan Benang yang merusak itu orang dari
Tuban yang
berkelana ke Kediri. Nyai Plencing mengisahkan penderitaan
para
makhluk halus dan manusia.)
Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt
dukane,
sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali
putra-wayahe sarta
para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang.
Para
lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune barêng
karo
angin, ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing saêloring
desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran
kiyai
Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha
ora
ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan
sangisoring
wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka êlor.
(Buta Locaya mendengar laporan Nyai Plencing itu menjadi
sangat
marah. Wajahnya menjadi merah padam bagaikan api. Ia segera
memanggil
anak-anaknya dan juga para makhluk halus jin serta peri. Ia
mengajak
mereka melawan Sunan Benang. Para makhluk halus itu
bersiap-siap
untuk perang. Mereka berjalan secepat angin, tidak berapa
lama mereka
tiba di utara desa Kukum, di sana Buta Locaya beralih wujud
menjadi
manusia yang bernama Kyai Sumbre. Ia kemudian berdiri di
tengah
jalan, di bawah pohon sambi, menghadang perjalanan Sunan
Benang dari
utara.)
Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang
wis ora
kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku
ratuning
dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya
mawa. Dene
lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh,
ora bêtah
kêna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga
ora bêtah
cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa,
kiyai Sumbre
mangkono uga.
(Tidak lama kemudian, Sunang Bonang datang dari arah utara.
Ia sudah
mengetahui bahwa yang berdiri di bawah pohon itu rajanya
makhluk
halus yang terlah bersiap-siap untuk menganggu dirinya.
Dimana hal
itu diketahui dari hawa panas yang keluar dari makhluk halus
tersebut. Para makhluk halus yang berjumlah banyak tersebut
bersama-
sama menyingkir jauh-jauh karena tidak tahan dengan hawa
kekuatan
Sunan Bonang. Namun Sunan Bonang juga tidak tahan berada di
dekat
Kyai Sumbre, karena kemanapun Sunan Bonang menyingkir, maka
Kyai
Sumbre ada di tempat itu pula.)
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên,
amarga
kêna daya prabawane kiyai Sumbre.
(Dua orang sahabat Sunan Bonang pingsan, karena kedinginan.
Mereka
tidak tahan terkena hawa kekuatan Kyai Sumbre.)
Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: “Buta Locaya! Kowe
kok
mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa
padha
slamêt?”.
(Sunan Bonang menegur Kyai Sumbre, “Buta Locaya! Kamu
menghadang
jalanku, serta menyamar sebagai Sumbre. Apa kamu cari
mati?”)
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge
dheweke,
dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang
Sunan
Benang: “Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula
punika
Buta Locaya?”.
(Buta Locaya terkejut bukan main, karena Sunan Bonang
mengetahui
namanya, sehingga ia merasa ketahuan rahasianya. Lalu
bertanyalah ia
pada Sunan Bonang, “Darimana Anda dapat mengetahui bahwa
saya adalah
Buta Locaya?”)
Sunan Benang ngandika: “Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen
kowe
ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.”.
(Sunan Bonang berkata, “Aku tidak tertipu, aku tahu bahwa
engkau
adalah rajanya para makhluk halus di Kediri, namamu adalah
Buta
Locaya.”)
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: “Paduka punika
tiyang punapa,
dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi. Kados
wangun
walang kadung?”.
(Kyai Sumbre menjawab pada Sunan Bonang, “Anda itu orang
mana, kok
tingkah lakunya tidak sopan, beda dengan adat istiadat Jawa.
Seperti
belalang saja [loncat sini loncat sana.")
Sunan Benang ngandika maneh: "Aku bangsa 'Arab,
jênêngku Sayid
Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang
dadi sêdyaku
arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang
Prabu
Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?".
(Sunan Bonang berkata lagi, "Aku orang Arab, namaku
adalah Sayid
Kramat, sedangkan rumah saya ada di Bonang, Tuban. Aku ke
Kediri
karena ingin melihat peninggalan istana Sang Prabu Jayabaya.
Istana
tersebut dulunya berada di mana?")
Buta Locaya banjur matur: "Wetan punika wastanipun
dhusun Mênang (9),
sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta
pasanggrahanipun
inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan
Bagendhawati
ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun
sirna,
pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun
namaning
dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta
lahar saking
rêdi Kêlut.
(Buta Locaya menjawab, "Di sebelah timur itu, yakni di
desa Menang,
semua peninggalan telah musnah, istana serta tempat
pesanggrahan juga
telah tiada lagi. Istana dan taman istana Bagendhawati milik
Ni Mas
Ratu Pagedhongan juga telah musnah, pesanggrahan Wanacatur
juga telah
sirna, yang tertinggal adalah nama desa itu. Semua itu
musnah
tertimbun tanah pasir dan lahar dari gunung Kelut.)
Kula badhe pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu
Adam,
nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa,
sarta ngêlih
nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing
ngriki awis
toya, punika namanipun siya-siya botên surup, sikara tanpa
dosa,
saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun lungse,
lajêng botên
gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên wau saking
sabda
paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan,
lepen Kadhiri
ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin,
pintên-pintên sami
risak, ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya,
lepenipun asat,
paduka sikara botên surup, nyikara tanpa prakara"
(Sekarang saya hendak bertanya, Anda menyiksa anak cucu
Adam,
mengucapkan sesuatu yang tidak patut diucapkan. [Mengutuk]
orang
menjadi perawan dan perjaka tua, dan juga mengubah nama
menjadi Kutha
Gedhah, memindah aliran sungai, dan selanjutnya mengutuk bahwa
di
daerah ini akan susah air. Itu namanya tindakan yang tidak
berguna,
menyiksa orang lain yang tak bersalah, menyebabkan susahnya
kehidupan
orang lain. Lelaki susah menemukan jodohnya. Tindakan itu
bertentangan dengan titah dari Latawalhujwa. Semua itu
berasal dari
kutukan Anda, begitu besarnya kesusahan orang yang
kebanjiran. sungai
Kediri berubah alirannya dan menerjang desa, hutan, sawah,
berapa
banyak yang rusak. Sedangkan di sini, Anda kutuk selamanya
susah air,
sungainya surut. Anda itu hanya menyiksa orang lain yang
tidak
bersalah.”)
Sunan Benang ngandika: “Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha
Gêdhah,
amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe agama
biru,
sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk
banyu
ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak
sotake
larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa,
amarga
kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.”
(Sunan Bonang berkata, “Tempat ini aku ganti namanya menjadi
Kutha
Gedhah, karena orang di sini agamanya tidak hitam tidak
putih,
tepatnya agama biru, yakni agama Kalang. Aku kutuk susah
air, karena
saya minta air minum tidak boleh. Oleh karenanya, air
sungainya saya
rubah alirannya. Semua yang berada di sini saya kutuk susah
air. Saya
mengutuk agar orang di sini menjadi perawan dan perjaka tua,
karena
tidak bersedia memberikan saya air minum, yaitu gadis
perawan kurang
ajar itu.”)
Buta Locaya matur maneh: “Punika namanipun botên timbang
kaliyan sot
panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang
satunggal
ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah
sangêt, botên
timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl
mlaratipun
tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari,
paduka inggih
dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên
tanah,
lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing
ngriki
sagêda mirah toya malih, sagêd dados asil panggêsangan laki
rabi
taksih alit lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon.
Panjênêngan
sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang
dahwen”.
(Buta Locaya berkata lagi, “Itu namanya orang yang tanpa
pertimbangan. Kesalahan tidak seberapa, dan selain itu hanya
satu
orang yang bersalah, tetapi Anda telah membuat susah orang
banyak
sekali. Tidak sesuai dengan hukumannya. Anda itu namanya
membuat
susah orang banyak. Seandainya diketahui yang memiliki
negara, maka
Anda akan dihukum melarat sekali, karenanya merusak tanah.
Sudah
begini saja, Anda tarik kembali kutukan Anda. Di sini menjadi
melimpah air kembali, sehingga bisa untuk bercocok tanah.
Pria dan
wanita dapat kembali menikah pada usia mudah, sesuai dengan
titah
dari Hyang Manon. Anda itu bukan Narendra (gelar Wisnu,
mungkin yang
dimaksud Tuhan – penterjemah), tetapi kok datang-datang
mengharubiru
agama. Itu namanya orang berengsek.”)
Sunan Benang ngandika: “Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka
aku ora
wêdi”.
(Sunan Bonang berkata, “Meskipun kamu laporkan Raja
Majalengka saya
tidak takut.”)
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu
Majalêngka
banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: “Rêmbag paduka niki
dede
rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing
bambon,
ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh
dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajêng
tumindak
sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara
botên ngangge
prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên ingkang
nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta
ajrih
sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos siya
dhatêng
sêsami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang
tunggilipun
Aji Saka, muride Ijajil.
(Buta Locaya setelah mendengar bahwa Sunan Bonang tidak
takut pada
Raja Majalengka menjadi makin marah, kata-katanya menjadi
keras, “Anda itu jelas sekali tidak mencerminkan seseorang
yang
bijaksana dan berbudi luhur, melainkan lebih tepat lagi
disebut
dengan gelandangan (bahasa asli apabila diterjemahkan secara
harafiah
adalah orang yang tinggal dalam rumah bambu- penterjemah).
Beraninya
hanya mengandalkan kesaktiannya. Bersikaplah rendah hati
sehingga
dikasihi oleh Hyang Widdhi, dikasihi oleh sahabat, dan
bukannya
bertindak semau-maunya sendiri dengan tidak melihat
kesalahannya. Itu
namanya orang jahat yang tidak menimbang dulu
permasalahannya. Di
tanah Jawa ini, khan banyak orang yang kesaktiannya melebihi
Anda,
namun semuanya itu berbudi luhur dan tidak berusaha
mengungguli para
dewa. Mereka sama sekali tidak menyiksa orang lain tanpa
melihat
kesalahannya terlebih dahulu. Mengapa Anda meniru Aji Saka,
muridnya
Ijajil?)
Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng
minggat
saking tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun
dipunbêkta
minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang
saking ‘Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl
awising
toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl
wilujêng
dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên,
wujud paduka
niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng
mubal
nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa?
(Aji Saka menjadi raja tanah Jawa, tetapi tiga tahun
kemudian pergi
meninggalkannya, sumber air yang ada di Medhang juga
dibawanya pergi.
Aji Saka orang dari India, sedangkan Anda adalah orang Arab,
karena
itu sama-sama tidak menghargai sesama manusia. Sama-sama
membuat
sulit air. Anda itu mengaku-ngaku sebagai Sunan, khan
seharusnya
berbudi luhur, menciptakan kebajikan bagi orang banyak,
tetapi kok
malah tingkah lakunya seperti itu. Anda itu seperti iblis
tingkah
lakunya. Tidak tahan digoda oleh anak kecil, lalu bangkit
nafsu
angkara murkanya. Sunan macam apa itu?)
Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur.
Paduka
niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka,
tandhane
paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun
dados, lajêng
paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang
ingkang umob
mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam
kaliyan
manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun
manusa. Inggih
sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi
mangsulakên
malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami
katrajang toya
kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi panjênêngan
botên
karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe
sami kula-
têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya
bala
dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên samodra
kidul”.
(Kalau memang Anda sudah Sunan secara lahir bathin, maka
seharusnya
berbudi luhur. Anda menyiksa orang tanpa dosa, yaitu karena
Anda
dihina. Sehingga dengan demikian setelah ini Anda pantas
masuk neraka
jahanam. Kalau sudah mati, Anda akan tinggal di sana.
Dimasukkan
kawah air panas yang asapnya melimpah-limpah. Saya ini
termasuk
golongan makhluk halus, dan berbeda dengan kalian yang
manusia.
Karenanya saya ini masih ingat dengan kesejahteraan umat
manusia. Ya
sudah, apa yang sudah rusak saya minta untuk diperbaikik
kembali.
Sungai yang surut dan tempat yang rusak diterjang banjir,
saya minta
dikembalikan seperti asal mulanya. Jika Anda tidak bersedia
mengembalikannya, semua orang Jawa yang sudah masuk Islam
akan saya
santet agar mati semua. Saya tentu juga akan minta bala
bantuan dari
Ratu Ayu Anginangin di laut selatan.”)
Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute,
dene
gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula
banjur
ngandika: “Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna
mbaleni
caturku kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun,
kali iki
bisa bali kaya mau-maune”.
(Sunan Bonang setelah mendengar nasehat Buta Locaya jadi
menyadari
kesalahannya karena telah menyebabkan kesengsaraan banyak
orang, maka
berkatalah ia, “Buta Locaya, saya ini Sunan, tidak dapat
menarik
kembali ucapanku yang sudah keluar, besok jika telah genap
lima ratus
tahun, maka sungai ini kembali seperti semula.”)
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur
nêpsu
maneh, nuli matur marang Sunan Benang: “Kêdah
paduka-wangsulna
sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda”.
(Buta Locaya setelah mendengar penolakan Sunan Bonang
menjadi marah
kembali, ia mengancam Sunan Bonang, “Harus dikembalikan
sekarang
juga, jika tidak bisa, maka Anda saya tahan di sini.”)
Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: “Wis kowe ora kêna
mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki
tak-jênêngake
cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan
wong
pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking tanah,
sarta
susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi
dadi
warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa
lêngane, asêm
dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa,
lênga têgêse
dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen
aku padu
karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor
jênênge
desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane
balamu kang
ana ing kidul iku jênênge desa Kawanguran”.
(Sunan Bonang berkata pada Buta Locaya, “Sudah, kamu tidak
perlu
mengajari aku, aku pamit mau ke Magetan, buah sambi ini aku
sebut
cacil, karena kok seperti anak kecil berkelahi. Makhluk
halus dan
manusia berkelahi mengadu pengetahuan masalah rusaknya
tanah, serta
kesengsaraan manusia dan makhluk halus. Saya akan minta pada
Tuhan,
buah sambi akan menjadi dua warna, dagingnya menjadi masam,
bijinya
agar keluar minyaknya. Asam itu menjadi lambang ulat masam,
karena
makhluk halus bertengkar dengan manusia. Minyak artinya
makhluk halus
menghalangi perginya manusia. Pada masa mendatang jadilah
saksi kalau
saya bertengkar dengan kamu. Dan mulai saat ini, tempat ini
yang
utara namanya desa Singkah, sedangkan yang di sini namanya
Sumbre.
Sedangkan tempat berkumpulnya pasukanmu di bagian selatan
namanya
dewa Kawanguran.”)
Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang
wetan
kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah
ana desa
aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse
kawruhan,
Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu akal.
(Setelah berkata demikian, Sunan Bonang lalu melompat ke
timur
sungai. Hingga saat ini di Kutha Gedhah ada desa bernama
Kawanguran,
Sumbre, dan Singkal. Kawanguran artinya pengetathuan.
Singkah artinya
menemukan akal budi.)
Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang
tindake têkan
ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca
jaran, rêca
mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit
trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba
nganti
amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran êndhase
digêmpal.
(Buta Locaya mengikuti perginya Sunan Bonang. Sunan Bonang
tiba di
desa Bogem, di sana ia melihat ada patung kuda yang berbadan
satu
tetapi berkepala dua. Letaknya ada di bawah pohon
trenggulun. Buah
trenggulun itu banyak sekali hingga menggunung tinggi. Sunan
Bonang
lalu menghancurkan kepala patung kuda itu.)
Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal
êndhasing
rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse:
“Punika
yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing
tekadipun wanita
Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang sumêrêp
rêca punika,
lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita Jawi”
(Setelah melihat Sunan Bonang menghancurkan kepala patung
kuda, maka
bangkit kembali kemarahan Buta Locaya. Ia berkata, “Itu
adalah
peninggalan sang Prabu Jayabaya, sebagai lambang tekadnya
wanita
Jawa. Besok di jaman Nusa Srenggi, siapa saja yang melihat
patung itu
akan sama-sama memahami tekad para wanita Jawa.”)
Sunan Benang ngandika: “Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu
karo
manusa, jênênge dhêmit kêmênthus”.
(Sunan Bonang menjawab, “Kamu itu bangsa makhluk halus, kok
berani
bertengkar dengan manusia. Itu namanya makhluk halus
sombong.”)
Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot punapa, ngriku Sunan,
kula Ratu”.
(Buta Locaya berkata, “Lalu kenapa memangnya? Anda Sunan,
saya raja.”)
Sunan Benang ngandika: “Woh trênggulun iki tak-jênêngake
kênthos,
dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo
dhêmit
kumênthus, prakara rusaking rêca”.
(Sunan Bonang berkata, “Buah trenggulun ini aku namakan
kenthos,
sehingga menjadi peringatan di masa mendatang kalau aku
bertengkar
dengan makhluk halus sombong masalah rusaknya patung.”)
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene, woh
trênggulun
jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku
pituture Raden
Budi Sukardi, guruku”.
(Ki Kalamwadi menjelaskan, “Hingga sekarang, buah trenggulun
namanya
kenthos, karena berasal dari sabda Sunan Bonang. Itu adalah
pemberitahuan dari guruku Raden Budi Sukardi.”)
Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar,
kêrsane
arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana
timbane,
sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli
sagêd
mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.
(Sunan Bonang lalu pergi ke arah utara. Pada saat itu telah
waktunya
salat asar dan ia hendak menunaikan ibadah salat. Di luar
desa itu
ada sumur, tetapi tidak ada ember untuk menimba air, karena
itu Sunan
Bonang menggulingkan sumur itu sehingga ia bisa menggambil
air dari
dalamnya.)
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene sumur mau
karane sumur
Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden
Budi
guruku, êmbuh bênêr lupute”.
(Ki Kalamwadi menjelaskan, “Hingga saat ini sumur itu
disebut sumur
Gumuling. Sunan Bonang yang menggulingkannya. Itu katanya
Raden Budi
guruku, entah benar entah tidak.”)
Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane
desa
Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana
sangisoring wit
dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange,
sarta akeh
kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang
mbêranang,
saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rêca mau
gumun
bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki,
ubênge
bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen
dijunjung
wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti,
baune
têngên rêca mau disêmpal dening Sunan Benang, bathuke
dikrowak.
(Setelah salat maka Sunan Bonang meneruskan perjalanannya,
dan tiba
di desa Nyahen. Di sana ada patung raksasa wanita yang
terletak di
bawah pohon dadap. Pada saat itu kebetulan pohon dadapnya
sedang
banya bunganya dan banyak yang berjatuhan di kanan dan
kirinya patung
raksasa itu sehingga nampak merah merona. Sunan Bonang
melihat arca
yang tingginya 16 kaki dan lingkarnya 10 kaki. Apabila
diangkat orang
800 juga masih belum terangkat. Bahu kanan patung tersebut
dihancurkan oleh Sunan Bonang dan selain itu dahinya juga
dirusak.)
Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke
nêpsu maneh,
calathune: “Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta
bêcik-bêcik
dirusak tanpa prakara, sa-niki awon warnine, ing mangka
punika
yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa
panjênêngan
ngrisak rêca?”
(Buta Locaya mengetahui tindakan Sunan Bonang merusak patung
itu,
timbul amarahnya kembali, “Anda itu benar-benar orang brengsek.
Patung bagus-bagus kok dirusak tanpa sebab. Patung itu
adalah
peninggalan Sang Prabu Jayabaya, lalu mengapa Anda rusak?”)
Pangandikane Sunan Benang: “Mulane rêca iki tak-rusak,
supaya aja
dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni
dikutugi, yen
wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine
kêsasar.”
(Jawaban Sunan Bonang, “Arca ini saya rusak supaya jangan
disembah-
sembah oleh orang banyak, supaya jangan dimantrai. Yang
menyembah
patung itu namanya kafir. Lahir dan bathinnya tersesat.”)
****************
Sebagaimana ia mengajari orang lain, demikianlah hendaknya
ia berbuat. Setelah
ia dapat mengendalikan dirinya sendiri dengan baik,
hendaklah ia melatih orang
lain. Sesungguhnya amat sukar untuk mengendalikan diri
sendiri.(DHAMMAPADA,
syair 159)
Oleh diri sendiri kejahatan dilakukan, oleh diri sendiri
pula seseorang menjadi
suci. Suci atau tidak suci tergantung pada diri sendiri. Tak
seorangpun yang
dapat mensucikan orang lain. (DHAMMAPADA, syair 165)
Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa rak sampun ngrêtos,
yen punika
rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Labawalhujwa,
mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados
para
lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng,
amargi
siti utawi kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun
manusa,
mila para lêlêmbut sami dipunsukani panggenan wontên ing
rêca,
panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
(Buta Locaya mengomel lagi, “Orang Jawa itu khan sudah tahu,
bahwa
itu hanya sebuah arca batu, tidak punya daya apa-apa, tidak
punya
kekuasaan apa, bukan Hyang Labawalhujwa, karena itu
dimantrai dan
diberi sesajian, supaya para makhluk halus yang dulunya
tinggal di
tanah atau kayu – karena tanah dan kayu itu dimanfaatkan
bagi
manusia – maka para makhluk halus itu diberi tempat tinggal
di dalam
arca. Anda itu tahu nggak sih?)
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing
rêca, sarta
nêdha ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun
kraos
sumyah, langkung sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca
wêtah
ing panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên ngandhap
kajêng ingkang
agêng, sampun sami ngraos yen alamipun dhêmit punika sanes
kalayan
alamipun manusa, manggen wontên ing rêca têka
panjênêngan-sikara,
dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara
siya-siya
dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung
manusa Jawa
ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa,
wangsul tiyang
bangsa ‘Arab sami sojah Ka’batu’llah, wujude nggih tugu
sela, punika
inggih langkung sasar”.
(Sudah wajar kalau para makhluk halus tinggal di gua dan
patung.
Selain itu mereka makan bau harum. Makhluk halus itu apabila
makan
bau harum, badannya terasa segar. Mereka betah tinggal di
patung-
patung batu yang berada di tempat sepi atau yang berada di
depan
pohon besar. Apakah Anda sudah pernah merasakan hidup di
alam makhluk
halus yang berbeda dengan alam manusia? Mereka yang hidup di
dalam
patung baru, Anda siksa, jadi karena itu Anda patut disebut
orang
jahil. Orang yang gemar berbuat seenaknya sendirinya
terhadap sesama
makhluk Tuhan. Lebih baik orang Jawa yang menghormati patung
demi
menguntungkan para makhluk halus, dibandingkan dengan orang
Arab yang
menyembah Ka’bah. Wujudnya juga tugu batu, sehingga
seharusnya mereka
juga sesat.”)
Pangandikane Sunan Benang: Ka’batu’llah iku kang jasa
Kangjêng Nabi
Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi
wong
akeh, sing sapa sujud marang Ka’batu’llah, Gusti Allah
paring
pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing ‘alam
pangumbaran”.
(Sunan Bonang menjawab, “Ka’bah itu ada karena jasanya Nabi
Ibrahim,
di situ terletak pusatnya bumi. Dibangun tugu dan disembah
orang
banyak. Siapa saja yang bersujud pada Ka’bah, Allah akan
mengampuni
dosanya selama hidup di dunia.”)
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Tandhane napa yen angsal
sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa
sampun
angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap
abrit?
(Buta Locaya menjawab dengan marah, “Buktinya apa kalau
mereka
beroleh pengampunan dosa dari Tuhan, memperoleh pengampunan
dari
semua kesalahan. Apakah sudah memperoleh tanda tangan dan
cap dari
Tuhan?”)
Sunan Benang ngandika maneh: “Kang kasêbut ing kitabku,
besuk yen
mati oleh kamulyan”.
(Sunan Bonang berkata lagi, “Itu semua disebut dalam
kitabku. Besok
kalau meninggal akan beroleh kemuliaan.”)
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: “Pêjah malih yen sumêrêpa,
kamulyan
sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah
tugu
sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi
Kêlut
kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud
piyambak
saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking
dhawuhipun Ingkang
Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing Batu’llahipun,
badanipun
manusa punika Baitu’llah ingkang sayêktos, sayêktos yen
yasanipun
Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp
asalipun
badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang
kenging
kangge tuladha.
(Buta Locaya menjawab dengan tidak senang hati, “Ketahuilah,
kemuliaan yang ada di dunia ini sudah ternoda, orang
tersesat
menyembah tugu batu, ketika mereka sudah melakukan
kejahatan. Di
Gunung Kelut banyak batu besar-besar hasil ciptaan Tuhan,
kesemuanya
itu terwujud berdasarkan Sabda Allah, itulah yang
sesungguhnya lebih
pantas disembah. Berdasarkan izin Yang Maha Kuasa, seluruh
umat
manusia harus mengetahui mengenai Ka’bah sejati, tubuh
manusia itulah
Ka’bah sejati. Sejati karena ciptaannya Yang Maha Kuasa.
Inilah yang
harus diperhatikan. Siapa yang sadar akan asal usulnya,
mengetahui
akal budinya, yaitu yang sanggup dijadikan suri tauladan.)
Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun
raga
pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu
damêlan
Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah,
ta,
pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik
paningalipun
têrus, sumêrêp cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene
ingkang
yasa rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang
Kuwaos,
pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik
paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan, paduka
pathokan
tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking
lêluhuripun. sami-
sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking
lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging
dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar ‘Arab, dereng ngrêtos
kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga
ujaripun
tiyang nglêmpara.
(Meskipun siang dan malam menjalankan salat, tetapi apabila
pikirannya gelap, pengetahuannya amburadul, menyembah tugu
batu yang
dibuat nabi. Nabi itu khan juga manusia kekasih Allah,
diberi wahyu
sehingga menjadi pandai dan sanggup mengetahui apa yang akan
terjadi.
Sedangkan yang membangun arca batu itu adalah Prabu
Jayabaya, yang
juga merupakan kekasih Allah. Ia juga menerima wahyu mulia,
juga
banyak pengetahuannya dan sanggup mengetahui apa yang akan
terjadi.
Anda berpedoman pada kitab, sedangkan orang Jawa berpedoman
pada
sastra kuno, petuah dari leluhur sendiri. Lebih baik
mempercayai
sastra kuno dari leluhur sendiri yang peningggalannya masih
dapat
disaksikan. Orang mempercayai kitab Arab, padahal belum tahu
keadaan
di sana, entah benar entah salahnya, hanya percaya
perkataannya para
penipu.)
Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning
nagari Mêkah,
kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya,
tanêm-tanêm
tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun banter awis jawah,
manawi tiyang
ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka,
malah kathah
tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan.
Panjênêngan
tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi
ngriki
nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah
pasir
mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh,
tiyangipun jalêr
bagus, wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag
panjênêngan
badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang
kula-linggihi
punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat
panjênêngan
jotos.
(Anda menjual kemuliaannya negeri Mekah. Padahal saya tahu
seperti
apa sebenarnya Mekah. Tanahnya panas, susah air, tanaman
tidak bisa
tubuh, serta jarang hujan. Orang yang sanggup bernalar akan
menyebut
Mekah itu negeri celaka. Malah banyak orang yang
diperjual-belikan
sebagai budak. Anda itu orang durhaka. Saya minta untuk
pergi dari
sini, negeri Jawa yang suci dan mulia, cukup hujan dan air,
apa yang
ditanam dapat tumbuh, yang pria tampan, yang wanita cantik.
Bicaranya
juga luwes. Kalau Anda bicara masalah pusatnya jagad, maka
tempat
yang saya duduki inilah yang merupakan pusat jagad. Silakan
Anda
ukur, bila salah pukullah saya.)
Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar,
kirang nêdha
kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika
Maha
Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan,
panjênêngan
punapa sagêd ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula-aturi
kesah
kemawon saking ngriki, manawi botên purun kesah sapunika,
badhe kula-
undhangakên adhi-kula ingkang wontên ing rêdi Kêlut,
panjênêngan kula-
kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula-bêkta mlêbêt dhatêng
kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah,
punapa
panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga
dhatêng
Selabale, dados murid kula!”.
(Anda itu seperti orang tidak waras, pertanda kurang nalar,
kurang
memakan pengetahuan akal budi, senang menyiksa orang lain.
Yang
membuat arca itu Maha Prabu Jayabaya, yang kesaktiannya
melebihi
Anda. Anda apa sanggup mengetahui apa yang akan terjadi?
Sudahlah,
saya minta Anda pergi saja dar sini. Jika tidak mau pergi
dari sini,
maka akan saya panggilkan adik saya dari Gunung Kelut. Anda
saya
keroyok apa bisa menang? Lalu akan saya bawa ke dalam kawah
Gunung
Kelut. Apakah Anda tidak sengsara? Apakah Anda ingin berdiam
dalam
batu seperti saya? Kalau mau silakan datang ke Selabale,
jadi murid
saya!”)
Sunan Benang ngandika: “Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan
brêkasakan”.
(Sunan Bonang berkata, “Saya tidak mau mengikuti
perkataanmu, wahai
setan iblis.”)
Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit
raja,
mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tamptu mulya
kados kula,
tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila
panjênêngan
dhatêng tanah Jawi, wontên ing ‘Arab nakal kalêbêt tiyang
awon, yen
panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking ‘Arab, mila
minggat,
saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban,
maoni
adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae,
ngarubiru agamane
lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu”.
(Buta Locaya menjawab, “Meskipun saya makhluk halus, tetapi
raja
makhluk halus. Mulia dan abadi selamatnya. Anda belum tentu
mulia
seperti saya. Niat Anda buruk, gemar menyiksa orang lain.
Oleh karena
itu Anda datang ke tanah Jawa. Di Arab Anda tergolong orang
hina.
Jika Anda orang mulia maka tidak akan pergi meninggalkan
Arab, karena
salah maka melarikan diri dari sana. Buktinya di sni membuat
onar,
menghina adat istiadat orang lain, menghina agama, merusak
barang
yang bagus, mengharubiru agama leluhur kuno. Raja wajib
menyiksa dan
membuang Anda.”)
Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake
celung,
uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung
rêmbag, dadiya
pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah
nalar”.
(Sunan Bonang berkata, “Pohon dadap ini bunganya aku beri
nama
celung, buahnya kledhung, karena aku kalah nalar dan kalah
pembicaraan. Jadilah saksi bila aku bertengkar dengan raja
makhluk
halus dan kalah pengetahuan serta nalar.”)
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge
kledhung,
kêmbange aran celung.
(Oleh karena itu hingga sekarang, buah dadap, namanya
kledhung,
bunganya dinamakan celung.)
Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arêp mulih mênyang
Benang”.
(Sunan Bonang lalu berpamitan, “Sudah saya akan pulang ke
Bonang.”)
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Inggih sampun, panjênêngan
enggala
kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi
kadangon wontên
ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi
bênter,
nyudakakên toya”.
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane
uga
banjur mulih.
(Buta Locaya menjawab dengan marah, “Ya sudah, pergilah
cepat-cepat.
Di sini membuat susah saja. Makin lama makin membuat susah
saja.
Membuat susah air, menyebabkan kekeringan.” Sunan Bonang
meninggalkan
tempat itu dan Buta Locaya beserta pasukannya juga pulang
meninggalkan tempat itu.)
No comments:
Post a Comment